Dhandhanggula yaiku salah sijine metrum kang nduweni watak luwes. Dhandhanggula ugo Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine ‘pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga nduwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki.
Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Seka othak-athik iki banjur kinira yen tembang iki digawe nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwe arti gula.
Tembang Dhandhanggula nduweni watak luwes, ngresepake. Mathuk kanggo bebuka/pambuka medharake piwulang, rasa kasmaran/gandrung. Pralambange tumrap para nom-noman sawise padha kasmaran ngalami kedadeyan kang endah-endah (kenangan manis). Dene, sasmitaning tembang Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa, gendhis.
Paugerane tembang dhandhanggula yaiku duweni 10 gatra utawa larik, guru wilangan lan guru lagu saben gatra:
10i - 10a - 8e - 7u - 9i - 7a - 6u - 9a - 12i - 7a
Ing ngisor iki tuladha tembang macapat dhandhanggula kang kajupuk saka serat wulangreh anggitanipun Sri Pakubuwana IV
Nanging yen sira ngguguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang ngirangi,
sukur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
Contoh (Serat Jayalengkara):
Prajêng Medhang Kamulan winarni,
Diceritakan mengenai kerajaan Medhang Kamulan,
narèndrâdi Sri Jayalengkara,
ketika sang raja agung Sri Jayalengkara
kang jumeneng nrepatiné,
yang bertahta sebagai raja
ambek santa budi alus,
memiliki pikiran tenang dan berbudi halus
nata dibya putus ing niti,
raja utama pandai dalam ilmu politik
asih ing wadya tantra,
mengasihi para bala tentara
paramartêng wadu,
sayang terhadap para wanita
widagdêng mring kasudiran,
teguh terhadap jiwa kepahlawanan
sida sedya putus ing agal lan alit,
berhasil dalam berkarya secara lahiriah maupun batiniah
tan kènger ing aksara.
tidak terpengaruh sihir.

Contoh Tembang Dhandhanggula
Komentar
Posting Komentar